Senin, 29 Februari 2016

Lirik Lagu Bossanova Jawa - Rek Ayo Rek

Rek ngumpul rene lo rek...
Yo iyo sik to...
Cak ngumpul rene cak...yoh...yoh...
Malem Minggu iki enak'e opo rek...
Yo enak'e opo ?
Mlaku mlaku ha ndok Tunjungan...
Iyo iku cocok iku...
Moso gak duwe dhuwit gak popo...
Sing penting biso ngumbah moto...
Lak yo ngono ha...
Yo wis ayo ndang mlaku mlaku...
Ayo to meneh golekdhuwit maneh
Iyo wis to ayo mlaku...
Ndang mlaku mlaku ayo...ayo bareng...ayo...


Rek ayo rek mlaku mlaku nyang Tunjungan
Rek ayo rek rame rame bebarengan
Cak ayo cak sopo gelem melu aku
Cak ayo cak nggolek kenalan cah ayu

Ngalor ngidul ngetan ngulon ngumbah moto
Masi omong nyenggal nyenggol ati lego
Sopo ngerti nasib awak lagi mujur
Kenal anak'e sing dodol rujak cingur

Cak peno kene kandhani...
Iku lho ono arek ayu, anak'e sing dodol rujak cingur
Ayu kok cak peno...ayo cak ndang kenalan

Jok dipikir kon gak podho duwe sangu
Jok dipikir angger gelem podho mlaku
Mangan tahu jo dicampur karo timun
Malem Minggu gak apik digowo nglamun

Ngalor ngidul ngetan ngulon ngumbah moto
Masi omong nyenggal nyenggol ati lego
Sopo ngerti nasib awak lagi mujur
Kenal anak'e sing dodol rujak cingur

Hei cak peno wis kenalan tah...
Sopo arek iku jenenge...kon seneng ha
Kondho wae mak'e...
Ayo cak jangan takut takut...

Jok dipikir kon gak podho duwe sangu
Jok dipikir angger  podho gelem mlaku
Mangan tahu jo dicampur karo timun
Malem Minggu gak apik digowo nglamun
Malem Minggu gak apik digowo nglamun

Ayo cak ojo ngalamun ae...
Mulih iki wis bengi...ayo mulih ayo...
Mulih ...ayo rek...gek ndang mulih...ayo mulih...
Enak to malam Minggu...
Masio gak duwe dhuwit
Lebih asyik lho...
Wis jarno ae cak peno iku...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar